Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:6 - Kitab Sutji

6 mugi talingan Paduka tumilinga saha paningal Paduka mugi nguninganana, supados miyarsakaken ing pandonganipun abdi Paduka, ingkang kawula unjukaken wonten ing ngarsa Paduka rinten lan dalu kangge para kawula Paduka, tiyang Israel, kalayan ngakeni dosa, ingkang sampun sami kawula lampahi dhumateng Paduka. Ugi kawula dalah kulawarga kawula inggih sampun sami damel dosa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:6
34 Iomraidhean Croise  

Punapa dene karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka saha umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; inggih Paduka ingkang midhangetaken wonten ing papan padaleman Paduka ing swarga: lan manawi Paduka miyarsakaken, Paduka inggih badhe paring pangapunten.


mangka lajeng sami enget ing salebeting manahipun wonten ing tanah pamboyongan wau, saha nunten sami mratobat tuwin sami sesambat dhumateng Paduka wonten ing tanahipun ingkang sami mboyongi punika, saha sami munjuk: Kawula sampun sami nglampahi dosa, sami kalepatan tuwin tumindak duraka,


Dene saiki kowe padha duwe karep sumedya nelukake Yehuda lan Yerusalem arep padha kokdadekake batur tukon lanang lan wadon. Apa kowe dhewe ora duwe kaluputan kang gedhe ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu?


Awit leluhur kita wus padha ora setya, padha nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, Gusti Allah kita, padha nyingkur marang Panjenengane, padha ngengokake raine saka ing padalemaning Yehuwah lan ngungkurake iku.


Awit saking punika, dhuh Allah kawula, paningal Paduka mugi mirsanana tuwin talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonga ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika.


Nalika Imam Ezra ndedonga lan ngakoni lepat klawan muwun lan nggloso ana ing ngarepane padalemaning Allah, ana golongane wong Israel kang luwih dening akeh cacahe kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, wong lanang lan wong wadon, dalah bocah-bocah sarta padha nangis kalawan sora.


Nanging saiki padha nalangsaa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan padha nglakonana kang dadi keparenging karsane, padha pisaha karo wong-wong ing tanah iki lan karo wong wadon bangsa liya iku.”


Dhuh Gusti Allah, talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonganipun abdi Paduka saha pandonganipun para kawula Paduka ingkang kanthi eklasing manah ngabekti dhateng asma Paduka, saha abdi Paduka mugi Paduka angsalna damel ing dinten punika saha manggiha sihpiwelasipun tiyang punika.” Ing wektu samana aku dadi juru pangunjukane Sang Prabu.


manawa Sang Yehuwah wus mbangun Sion lan wus ngatingal kalawan ngagem kamulyane


Kawula sadaya kaliyan para leluhur kawula, sampun sami nglampahi dosa, kawula sampun sami lepat sarta nglampahi duraka.


Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa miyarsakaken swanten kawula, Paduka mugi nilingna dhumateng swantening pasambat kawula.


Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula. (Selah)


ngedohana piala, nglakonana kang becik, ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!


Nanging aku nyebut marang Gusti Allah, sarta Pangeran Yehuwah banjur bakal ngluwari aku.


Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh. Kanggo lurah pasindhen, miturut lagu: Mahalat Leanot. Kidung piwulange Heman, wong Ezrahi.


Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”


Para leluhur kawula ingkang sami damel dosa sampun boten wonten, kawula ingkang katempah ing durakanipun.


Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka.


Sajrone aku matur lan ndedonga sarta ngakoni dosaku apadene dosane bangsaku, bangsa Israel, tuwin ngunjukake panyuwunanku tumrap gununge suci Allahku marang ing ngarsaning Sang Yehuwah Allahku,


Awu nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, Allahku kalawan ngakoni dosaku mangkene: “Dhuh Yehuwah ingkang mahaagung saha nggegirisi, ingkang netepi prajanjian tuwin sih-palimirma dhateng para tiyang ingkang sami tresna dhumateng Paduka sarta netepi pepaken Paduka.


Kawula sampun sami nglampahi dosa tuwin kalepatan, kawula sampun sami nglampahi duraka saha sampun sami mbalela, kawula sampun sami nyimpang saking pepaken saha pranatan Paduka;


Dhuh Yehuwah, kawula sadaya, para ratu kawula, para pangageng kawula saha para leluhur kawula sampun samesthinipun manawi wirang, amargi kawula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Paduka.


Apa Gusti Allah ora bakal maringi adil marang para pepilihane kang rina wengi padha sesambat marang Panjenengane? Lan apa Panjenengane anggone arep paring pitulungan diundur-undur?


lan saiki wis randha, kang umure wolung puluh papat taun. Ora mengeng saka ing Padaleman Suci, rina wengi anggone ngabekti kalawan pasa lan ndedonga.


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.


Aku saos sokur marang Gusti Allah, kang dakladosi kalawan rumangsaning ati kang resik, kaya kang dilakoni dening para leluhurku. Sarta sajroning panyuwunku aku tansah eling marang kowe, rina wengi.


Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.


“Ingsun kaduwung dene njumenengake ratu Saul, amarga wong iku wus nyingkur marang Ingsun lan nglirwakake dhawuhingSun.” Nabi Samuel temah sekel galihe, nyebut marang Sang Yehuwah sawengi muput.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan