Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:5 - Kitab Sutji

5 Unjukku: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun saindenging langit, Paduka punika Gusti Allah ingkang Mahaagung sarta nggegirisi, ingkang ngantepi ing prasetyan saha ing sih-kadarmanipun tumrap ing tetiyang ingkang sami nresnani Panjenenganipun sarta netepi ing pepakenipun,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:5
18 Iomraidhean Croise  

“Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, boten wonten Allah ingkang kados Paduka ing langit nginggil saha ing bumi ngandhap; Paduka ingkang ngugemi prajanjian saha sih-kadarman dhumateng para abdi Paduka, ingkang kanthi gumolonging manahipun lumampah wonten ing ngarsa Paduka.


Punapa dene bangsa ing pundi ing bumi ingkang kados umat Paduka Israel, ingkang Gusti Allahipun tumandang ngluwari umat wau lajeng kadadosaken umatipun, supados asma Paduka dados misuwur margi saking pakaryan-pakaryan Paduka ingkang agung saha nggegirisi, saha margi saking anggen Paduka ngesahaken para bangsa saking ing sangajenging umat Paduka, ingkang sampun Paduka luwari saking ing tanah Mesir?


“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.


Pangandikane Sang Prabu marang aku: “Yen mangkono apa kang dadi panyuwunira?” Ing kono aku ndedonga marang Gusti Allahe saindenging langit,


Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”


Kabeh nuli saiyeg bakal nempuh perang marang Yerusalem sarta gawe rerusuh ana ing kono.


Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.


He para bangsa kabeh, padha keplok-keploka, padha methuka Gusti Allah kalawan surak-surak!


Paduka punika nggegirisi! Sinten ingkang tahan wonten ing ngarsa Paduka samangsa Paduka duka?


Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun, kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.


Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun; kasetyan Paduka jejeg kados langit.


Gusti Allah kineringan ana ing kalangane para suci, lan banget diwedeni ngluwihi kabeh kang padha ngayap ing sakiwa tengene.


nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.


“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


Aja giris marga saka wong-wong mau, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing tengahmu, Gusti Allah kang mahaagung lan kang nggegirisi.


Kang iku sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang jumeneng Allah, Gusti Allah kang setya-tuhu, kang netepi prasetya lan sih-kadarmane tumrap kang padha tresna ing Panjenengane lan netepi dhawuh-dhawuhe, nganti pirang-pirang ewu turunan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan