NEHEMYA 1:4 - Kitab Sutji4 Bareng aku krungu pawarta mangkono iku, aku tumuli lungguh sarta nangis lan susah atiku nganti sawatara dina, karodene aku puwasa lan ndedonga ana ing ngarsane Gusti Allahe saindenging langit. Faic an caibideil |
sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, – makaten pangandikaning Sang Yehuwah, –
Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”