NEHEMYA 1:2 - Kitab Sutji2 Hanani salah sawijine sadulurku nuli teka karo wong sawatara saka ing tanah Yehuda, banjur padha daktakoni bab kaanane wong Yahudi, yaiku kang ora padha katut katawan, kang bisa sumingkir saka ing panawaning mungsuh sarta kaanane Yerusalem. Faic an caibideil |
Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.
ing samangke kawula kok lajeng sami nglirwakaken malih dhateng pepaken Paduka srana bebesanan kaliyan para bangsa ingkang nistha punika? Manawi makaten mesthi kawula sami badhe Paduka bendoni ngantos tumpes tapis, temah sampun boten wonten kekantunanipun satunggal-tunggala ingkang gesang utawi oncat.
temah saka kekarene Yehuda, kang wus menyang ing tanah Mesir nedya manggon ana ing kono dadi wong neneka, ora ana siji-sijia kang bisa oncat lan luwar bisa bali mulih menyang ing tanah Yehuda, kang banget dikangeni lan nedya manggon ana ing kono maneh; sanyata wong iku ora bakal padha bisa bali mulih, kejaba wong sawatara kang padha ngungsi.”
Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.