Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:10 - Kitab Sutji

10 Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:10
17 Iomraidhean Croise  

Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene, awit langgeng sih-kadarmane.


Paduka mugi karsaa ngengeti umat Paduka ingkang sampun Paduka pundhut wiwit kala kina, ingkang Paduka tebus dados bangsa kagungan Paduka piyambak, saha mugi karsaa ngengeti dhateng redi Sion kadhaton Paduka!


Paduka ingkang kagungan bau santosa asta Paduka punika rosa tuwin luhur asta Paduka tengen.


Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.


Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka; saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.


Nanging Nabi Musa banjur ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, punapaa bebendu Paduka ngantos mulad-mulad dhateng umat Paduka, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir kanthi pangwaos ingkang ageng saha asta ingkang rosa?


Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka duka saha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa! Mugi Paduka karsaa nguningani, bilih kawula sadaya punika umat Paduka.


Kowe padha elinga yen ing biyen kowe iya padha dadi batur ana ing tanah Mesir, banjur kowe ditebus dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mulane kowe dakprentahi mangkono ing dina iki.


Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan