Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NEHEMYA 1:1 - Kitab Sutji

1 Riwayate Sang Nehemya bin Hakhalya. Nalika panuju sasi Kislew, ing taun kang kaping rong puluh, nalika aku ana ing kadhaton Susan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NEHEMYA 1:1
9 Iomraidhean Croise  

Para wong lanang ing tanah Yehuda lan Benyamin tumuli padha nglumpuk kabeh ana ing Yerusalem sajroning telung dina iku, yaiku pinuju ing sasi kasanga tanggal ping rong puluh. Rakyat kabeh padha lungguh ana ing platarane padalemaning Allah, padha ndhredheg marga saka prakara mau lan marga saka udan deres.


Sabanjure iya ana wong Israel sawatara golongan kang mangkat bali menyang Yerusalem lan uga para imam tuwin para wong Lewi, sarta para pasindhen, para jaga-gapura lan para abdi ing padalemane Gusti Allah; kelakone iku ing nalika taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Artahsasta.


Kang padha ngecapi layang prajanjian mau yaiku: Sang Nehemya bin Hakhaliya, kepala dhaerah lan Zedekia,


Ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rong puluhe paprentahane Sang Prabu Artahsasta, nalika aku nindakake kawajibanku nyawisake anggur, aku njupuk anggur daksaosake marang Sang Nata. Sarehne aku katon sedhih, kang pancen durung tau kelakon ana ing ngarsane Sang Prabu,


Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.


ing jaman samana nalika Sang Prabu Ahasyweros lenggah ing dhamparing kaprabone ana ing beteng kadhatone ing Susan,


Pelayangan kilat iku tumuli padha mangkat, kalawan kesusu, atas dhawuhe Sang Prabu; dene metune dhawuh mau saka ing beteng kadhaton Susan. Nalika samana Sang Prabu lelenggahan, kaadhep dening Sang Haman sinambi ngunjuk-ngunjuk, nanging wong sakutha Susan iku padha geger.


Ing sajroning wahyu iku aku ndeleng – aku ana ing beteng Susan ing wewengkoning tanah Elam nalika ndeleng iku – aku ndeleng ing sajroning wahyu iku, aku lagi ana ing sapinggiring kali Ulai.


Ing taun kang kaping pat jamane Sang Prabu Dharius, pinuju tanggal kaping papat sasi kasanga, yaiku sasi Kislew, ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Zakharia.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan