NAHUM 1:2 - Kitab Sutji2 Pangeran Yehuwah iku Allah kang butajengan lan pemales, Pangeran Yehuwah iku pemales sarta kebak bebendu kang mulad-mulad, Pangeran Yehuwah paring piwales marang para satrune, sarta terus bae dukane marang para mengsahe. Faic an caibideil |
Mulane sira nglairna pameca bab tanah Israel lan celathua marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang dhasar-dhasaring kali lan lembah-lembah: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Lah Ingsun ngandika ing sajroning duka lan bentering panggalihingSun, amarga sira wus nandhang kawirangan kang tuwuh saka ing bangsa-bangsa.
Kaya mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau, satemah bentering panggalihingSun banjur lilih sarta Ingsun wus rumaos marem. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah kang mangandikakake iku ing sajroning butajenganingSun, nalika Ingsun ngesokake bebenduningSun mau.