Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




NAHUM 1:1 - Kitab Sutji

1 Wangsit tumrap Niniwe. Kitab bab wahyune Nabi Nahum, wong Elkosy.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




NAHUM 1:1
19 Iomraidhean Croise  

Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lan Kalakh,


Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur banjur kondur lan kendel ana ing Ninewe.


Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSun lan kang dadi gitiking bebenduningSun!


Wangsit kang tumuju marang Babil kang kaparingake marang Nabi Yesaya, putrane Sang Amos.


Ing taun sedane Sang Prabu Akhas ana wangsit kang mangkene iki:


Wangsit bab Moab. Lah sajrone sawengi Ar-Moab wus karusak, kasirnakake; lah sajrone sawengi Kir-Moab wus karusak, kasirnakake!


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Wangsit tumrap “pasamunan ing pinggir sagara”. Kayadene lesus anggone gumrubug ngliwati Tanah Negeb, kaya mangkono tekane saka ing ara-ara samun, saka ing nagara kang nggegirisi.


Wangsit tumrap “lebaking wahyu”. Ana apa ta, dene sakehe wongmu padha munggah ing payon-payoning omah,


Wangsit tumrap Tirus. Ngadhuh-adhuha, he kapal Tarsis, sabab Tirus wus rusak, omahmu utawa pelabuhanmu wus ora ana! Nalika isih padha ana ing nagarane wong Kitim bab iku wus disumurupake.


Para nabi kang ana sadurunge aku lan kowe, wiwit biyen mula wus padha nglairake pameca marang nagara akeh lan karajan gedhe-gedhe bab perang, bilai lan pageblug.


“Sira mangkata, paranana kutha gedhe Niniwe lan ngundhangna pameleh marang nagara iku, awit durakane wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”


Niniwe dhewe iku prasasat kaya blumbang kang banyune mili metu. Ana wong kang nguwuh-uwuh: “Mandhega, mandhega!” nanging ora ana kang noleh.


Wangsit kang katingalan dening Nabi Habakuk.


Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.


Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,


Wangsiting Pangeran. Pangandikane Sang Yehuwah marang Israel lumantar Nabi Maleakhi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan