MIKHA 7:9 - Kitab Sutji9 Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah, awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane, nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku, sarta paring adil marang aku, aku bakal katuntun menyang pepadhang, satemah aku bakal ngrasakake kaadilane. Faic an caibideil |
Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.
Nalika wartane kapireng dening Sang Dawud, pangandikane: “Pinujia asmane Sang Yehuwah, kang mbelani aku ing bab panyamahe Nabal marang aku lan ngampah abdine saka ing panggawe ala. Sang Yehuwah wis nampekake pialane Nabal marang sirahe dhewe.” Sang Dawud banjur utusan wong ngrembug karo Abigail anggone arep dipundhut garwa.