Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:8 - Kitab Sutji

8 He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku! Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh, dadia linggih ana ing pepeteng pisan, Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:8
46 Iomraidhean Croise  

Manawa aku tau bungah marga satruku kacilakan, lan surak-surak, manawa dheweke katempuh ing kasangsaran –


Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.


Awitdene satru sampun ngoyak-oyak kawula sarta ngeplekaken nyawa kawula ing siti, nglebetaken kawula dhateng ing pepeteng kados tiyang ingkang sampun pejah lami.


Wong iku padha nggunggung karetane lan wong kae nggunggung jarane, nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.


Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter?


Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab, punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula, tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab, sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.


Wong duraka utang, nanging ora nyaur, balik wong mursid iku ambek welasan lan dhemen weweh.


samangsa tiba ora nganti gumuling, amarga Pangeran Yehuwah nyepengi tangane.


Dene Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng, dhuh Yehuwah; Paduka ingkang badhe maringi wangsulan, dhuh Pangeran Allah kawula.


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.


He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah!


Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua! marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea! Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket, tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.


Sapa panunggalanira kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah lan ngrungokake swaraning Abdine? Manawa dumunung ing pepeteng lan ora kasorotan ing cahya, cikben pracaya marang asmane Sang Yehuwah tuwin sumendhe marang Gusti Allahe!


Paduka sampun nuwuhaken surak mawurahan, saha kabingahan ingkang ageng. Tiyang-tiyang sami abingah-bingah wonten ing ngarsa Paduka, kadosdene bingahipun tiyang ing mangsa panen, kadosdene surak-surakipun tiyang nalika mbage rayahan.


Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke?


He wong kang padha ngrayah bandhaningSun, sanadyan sira padha seneng-seneng lan suka-parisuka, tuwin mencolot-mencolot kaya pedhet ana ing pangonan, sarta mbeker-mbeker kaya jaran lanang,


Sira mratelakna marang para wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh? Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?


Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,


Kaya anggonira abungah-bungah ing bab pusakane turune Israel, kang wus dadi sepi mamring, iya kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang sira. Sira bakal dadi sepi mamring, he, pagunungan Seir lan sira, Edom sakukubanira kabeh. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mesthi bakal ngandika ing sajroning bentering panggalihingSun kang banget nglawan kekarening para bangsa lan nglawan saindenging Edom, kang nemtokake tanahingSun dadi duweke kalawan rasa bungah kang banget lan rasa ngremehake kang pandhes, satemah tanahingSun iku banjur dadi ebeke lan kena karayah nganti entek.


“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;


Sira aja ngremehake sadulurira ing dina kasangsarane, lan aja bungah-bungah ing ngatase bani Yehuda, ing dina tumpese; lan aja umuk-umukan ing dina karupekane.


He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.


Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.


Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


bangsa kang manggon ing pepeteng, iku wus ndeleng Papadhang kang gedhe, sarta wong kang padha manggon ing tanah kang kalimputan ing wewayanganing pati, iku wus kaplethekan Pepadhang.”


Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan.


Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


supaya ngelekake mripate, satemah banjur padha ninggal pepeteng, marani pepadhang sarta uwal saka ing panguwasaning Iblis lan ngungsi marang Gusti Allah, supaya padha oleh pangapuraning dosa marga saka pracaya marang Ingsun, apadene banjur tampa warisan ana ing satengahe para kang wus kasucekake.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


aku padha dikuya-kuya, nanging ora ditinggal ijen, aku padha kabanting, nanging ora nemu bilai.


Sarta maneh kutha iku ora mbutuhake padhanging srengenge lan rembulan, amarga cahya kamulyane Gusti Allah kang madhangi lan Sang Cempe kang dadi damare.


Lan ing kono ora bakal ana wayah bengi maneh, sarta ora susah nganggo padhanging damar utawa srengenge, amarga Pangeran Allah kang bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mrentah kaya ratu langgeng ing salawas-lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan