7 Nanging aku bakal ngarep-arep marang Pangeran Yehuwah, nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku, Allahku mesthi bakal nyembadani aku!
Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang, amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.
Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.
Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”
Ing wektu iku bakal ana wong kang celathu: “Iki sanyata Gusti Allah kita, kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet. Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti; ayo kita padha surak-surak lan suka-suka marga saka pangluwaran kang kaparingake!”
Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;
Dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang kawula sambati, awit pangenan ing ara-ara, sampun kamangsa ing latu ngantos telas. Urubing latu sampun nggosongaken sakathahing wit-witan ing ara-ara.
Dakngadeg ana ing pangungakan lan mapan ana ing menara, aku arep niliki lan ngadhang-adhang marang apa kang bakal dadi pamangsite marang aku, lan kapriye paring wangsulane tumrap pasambatku.
Dene wahyu iku isih ngenteni mangsa kang kapesthekake, nanging enggal tumuju marang ing wekasane lan ora bakal nyidrani manawa randhat, etenana, marga iku mesthi bakal teka, ora bakal sumene.