Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:6 - Kitab Sutji

6 Dene anak lanang ngremehake bapakne, anak wadon nglawan biyunge, mantu wadon nglawan maratuwane wadon, kang dadi mungsuh iku wong-wong kang tunggal saomah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:6
24 Iomraidhean Croise  

kang mbludag kaya banyu, temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe, marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu; wektu iku kowe ngrusak kasucene. Paturonku diunggahi.


Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.


“Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani, anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”


Ana turun kang nyupatani bapakne, lan ora mberkahi marang biyunge.


Mripat kang nyampahi marang bapa, sarta emoh mituhu marang biyung, iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kali lan kamangsa dening anake manuk garudha.


Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan.


Padha ngemplok manengen, nanging isih luwe, padha ngemplok mangiwa, nanging durung wareg, saben wong mangan daginge kancane:


Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira.


Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”


Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.


Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.


Sakehe mitra kang mbantu sira padha ngurak-urak sira nganti tekan ing tapel-wates; sira dicidrani, dikalahake dening para mitranira. Kang manggon tunggal sameja karo sira, masangi kala sira. – Wong iku tanpa budi.


Sadulur bakal masrahake padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahake anake, lan anak-anak bakal padha ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.


Paring wangsulane: “Sing bebarengan karo Aku nyelupake tangane ing pinggan iki, yaiku sing bakal ngulungake Aku.


Kabeh bakal padha crah, bapa karo anake lanang, lan anak lanang karo bapakne, embok karo anake wadon, lan anak wadon karo embokne, embok maratuwa karo mantune wadon, lan mantu wadon karo embokne maratuwa.”


Apamaneh kowe bakal iya padha diulungake dening wong tuwamu, sadulur-sadulurmu, kadang-kadeyanmu lan pawong mitramu sarta ana panunggalanmu sawatara kang bakal dipateni,


PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh; Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nedha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan