Iku padha menthang ilate kaya gandhewa piala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara. Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala, nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.
Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.
Ing wayah bengi nangis kelara-lara, pipine adus luh; ing antarane para kang nresnani, ora ana siji bae kang aweh panglipur. Mitrane kabeh wus padha nyidrani, wus malih dadi satrune.
Nanging garwane nganti pitung dina suwene, ing sajroning pahargyan iku tansah muwun bae. Bareng tumeka pitung dinane batangane diwedharake marang garwane, amarga tansah nggubel bae, nuli batangane dipratelakake marang bangsane.