Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:4 - Kitab Sutji

4 Panunggalane kang becik dhewe ing antarane iku kaya grumbul eri, kang jujur dhewe ing antarane kaya pager eri, dinane pangincermu, dina tibaning paukumanmu wus cedhak, saiki bakal wiwit ana pagiris ing antarane wong-wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:4
16 Iomraidhean Croise  

Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman, lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane? Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa, sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?


Sabab Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah wus netepake dinane: Panjenengane bakal nggegerake, ngidak-idak lan ngisruhake wong, tembok ing “lebaking wahyu” bakal kajugrugake sarta panjerit njaluk tulung ngumandhang tekan ing pucaking gunung!


Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros, tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling; iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah, minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.


Sakabehe iku tanpa guna, garapan kang dadi wohing pamoyok, lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.


Ora ana kang lestari urip, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang para wong Anatot, ing taun tumibane paukumane.”


Uga prajurit buruhan kang ana ing kono, iku kaya pedhet-pedhet kang lemu, padha minger lan lumayu bebarengan, padha ora bisa nanggulangi, amarga dinaning bilai nempuh marang wong-wong iku, yaiku mangsa tibaning paukumane.


Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.


Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.


Panjenengane tumuli ngandika: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.” Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “Wus cedhak wekasane umatingSun Israel, Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.


Sabab wong-wong iku bakal sirna kaya eri kang bulet-buletan, bakal kamangsa nganti entek kaya dami kang garing.


“Apadene bakal ana ilapat-ilapat ing srengenge, ing rembulan lan ing lintang-lintang, sarta ing bumi para bangsa bakal padha wedi lan bingung marga saka gumlegering sagara lan alun.


nanging manawa bumi iku nuwuhake bebondhotan lan rerungkudan, iku tanpa guna sarta cepak kena ing supata, kang wekasane kaobong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan