3 Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.
Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.
Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.
Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekan wong padha lawan-linawan, kang siji nglawan marang sijine; wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa, wong asor marang wong kang kajen keringan.
Wong culika iku akal-akale ala, kang dirancang panggawe kang nistha kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh, sanadyan wong miskin iku mbelani hake.
“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya, lan pategalan-pategalane marang para penjajah. Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, kabeh padha ngupaya kauntungan, dadia nabi, dadia imam, kabeh padha laku cidra.
Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Para panggedhene ana ing satengah-tengahe kaya asu ajag kang ngelak marang getih padha ndekep memangsane; padha golek kauntungan kanthi patrap kang ora kalal, kalawan gawe rusaking wong-wong.
sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.
Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki.
Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakanira lan akeh cacahe dosanira, heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid, sarta kang padha nampani besel, lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.
Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang.
Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”
lan matur: “Kula badhe kaparingan punapa, mangke tiyangipun badhe kula ladosaken dhateng panjenengan.” Banjur diwenehi dhuwit telung puluh sekel salaka.
Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.