Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:20 - Kitab Sutji

20 Paduka mugi karsaa ngatingalaken kasetyan Paduka dhateng Rama Yakub, saha sih-palimirma Paduka dhateng Rama Abraham kados ingkang sampun Paduka prasetyakaken klayan supaos dhateng para leluhur kawula wiwit ing jaman kina!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:20
17 Iomraidhean Croise  

“Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”


kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lepen Yarden punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangke sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.


Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.


“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.


nanging marga Pangeran Yehuwah ngasihi marang kowe lan karsa netepi supaose kang didhawuhake marang para leluhurmu, mulane kowe padha dientasake kalawan asta kang rosa lan ditebus saka ing omah pangawulan, saka ing astane Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan