19 Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita, lan nglebur kaluputan-kaluputan kita, sarta mbucal sakehing dosa kita, menyang ing telenging sagara.
Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”
Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,” lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane.
Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula; Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan. Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawula ngantos tebih saking ing ngarsa Paduka.
Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”
Ingsun bakal nucekake para wong iku saka ing sakabehe kaluputane kang dilakoni, anggone nindakake dosa ana ing ngarsaningSun lan Ingsun bakal ngapura sakehing kaluputan kang dilakoni kalawan anggone nindakake dosa lan anggone mbalela marang Ingsun.
Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Ingsun ora nutupi pasuryaningSun maneh tumrap wong-wong iku, samangsa Ingsun ngesokake RohingSun marang turune Israel. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.
Dhawuhe Sang Malaekat marang kang padha ngladosi: “Cuculana sandhangane kang reged iku.” Dene marang Imam Agung Yusak pangandikane: “Lah kaluputanira wus Sunedohake saka sira, lan sira Sunanggoni sandhangan pista.”
ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.
Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate, lan bakal melasi marang para abdine, samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatane lan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.
kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.
Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.