MIKHA 7:17 - Kitab Sutji17 Kareben padha ndilat lebu kaya ula, kaya kewan kang gumremet ing bumi; kareben padha metu saka ing betenge kalawan giris, sarta padha sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allah kita, kalawan gumeter, kalayan ajrih dhateng Paduka. Faic an caibideil |
Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”
Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.