Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:14 - Kitab Sutji

14 Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka, inggih menda kagungan Paduka piyambak, ingkang sami kepencil manggen ing wana, ing satengahing kebon wowohan, mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead, kados nalika ing jaman rumiyin.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:14
35 Iomraidhean Croise  

Padha sumurupa manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane iku kang nitahake kita lan kita dadi kagungane, umate lan pepanthan wedhus ngenngenane.


Kawula kengetan dhateng dinten-dinten ing jaman kina, kawula ngraos-ngraosaken dhateng sadaya pakaryan Paduka, kawula manah-manah dhateng pakaryanipun asta Paduka.


Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka, tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak, mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.


awit Panjenengane iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane. Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!


Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”


Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya, sanyata endah warnamu iku! Mripatmu katon lir manuk dara, ana ing sangisoring kudhungmu. Rambutmu pindha pepanthan wedhus kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.


Ing nalika iku kasalangka kang gedhe bakal diunekake, lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.


bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita.


Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira, sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papan kang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe, menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur, wit-wite beros kang pilihan; ingsun wus lumebu ing panggonan kang dhuwur kang ana ing poncot dhewe, menyang ing alase wit-witan kang ketel.


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


Mulane ora padha luwe utawa ngelak; ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet, amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelas padha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.


Saron bakal dadi pangonaning wedhus lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi, tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.


Samektaa, majua perang nglawan bangsa kang santosa uripe, kang manggon klawan ayem-tentrem, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – apadene kang ora duwe gapura utawa slarak sarta mencil pamanggone.


Ing dinane kasangsaran lan kasusahan Yerusalem kelingan marang sakehing raja-brana kang dadi duweke dhek biyen; nalika wonge katelukake dening mungsuh, lan ora ana kang mitulungi, para satrune padha nyawang lan padha gumuyu, marga saka karusakane.


Dhuh Yehuwah, kawula mugi sami Paduka wangsulaken dhateng Paduka, temahan sami badhe mratobat, kawontenan kawula mugi Paduka pulihaken malih kados kala rumiyin.


Sira bakal Suniseni manungsa lan kewan akeh, iku bakal padha wuwuh akeh lan padha bebranahan sarta Ingsun bakal ndadekake sira padha dienggoni maneh kaya ing sakawit tuwin bakal nandukake kebecikan marang sira ngluwihi kang uwis-uwis, temah sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.


Mungguh sakehe pisungsung prasepuluhan saka sapi lan wedhus iku saka sakehe kewan kang liwat ing sangisore tekene pangon nalika dietung, iku saprasepuluhe dadia pisungsung suci kagem Pangeran Yehuwah.


“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;


Wong-wong kang manggon ing Tanah Negeb bakal padha ngejegi pagunungane Esap, lan kang manggon ing Dhaerah Pagunungan bakal ngejegi tanahe wong Filisti, sarta bakal ngebeki bumine Efraim lan tlatah Samaria, apadene taler Benyamin bakal ngebeki tlatah Gilead.


sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu. Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita, sarta ngambah ing tanah kita, nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan, malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.


yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.”


Bakal Sunulihake saka ing tanah Mesir, lan Sunklempakake saka ing Asyur; bakal Sunbekta menyang ing tanah Gilead sarta ing Libanon, nganti ora cukup panggonane.


Pepanthan wedhus sembelehan iku bakal dakengon, kanggo para pedagang wedhus, sarta aku njupuk teken loro: Kang siji dakjenengake “Kadarman”, sijine: “Talenan”; aku nuli ngengon wedhus-wedhus iku.


Temahan kurban sesaosane Yehuda lan Yerusalem bakal ndadekake renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kaya ing nalika jaman biyen lan kaya ing taun-taun kang wus kepungkur.


Awit bangsa iku dakdeleng saka ing pucake gunung-gunung parang daksawang saka ing pagunungan. Lah iku bangsa kang manggon ndhewe, lan ora gelem kepetung kegolong tunggale bangsa liya.


Anadene wong bani Ruben lan wong bani Gad iku raja-kayane akeh, malah luwih dening akeh. Nalika ndeleng tanah Yaezer lan tanah Gilead, tumuli padha mawas yen panggonan kono iku becik banget kanggo ngingu raja-kaya.


tanah ingkang sampun katelukaken dening Pangeran Yehuwah kangge umat Israel, punika tanah ingkang prayogi kadamel ngingah raja-kaya, mangka ingkang abdi punika sami ngingah raja-kaya.”


Anadene sira, he Betlehem ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora kuciwa ana ing antarane para kang ngasta paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal ngengon umatingSun Israel.”


Pinangkanipun tiyang-tiyang punika boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.


Kalawan tentrem pamanggone Israel, sumbere Yakub lestari, ora kareridhu ana ing nagara kang kadunungan gandum lan anggur, malah langite nurunake ebun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan