Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:13 - Kitab Sutji

13 Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni, iku wohe panggawene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:13
22 Iomraidhean Croise  

Sasumurupku wong kang mluku cilaka lan nyebar rubeda, iya iku uga kang diundhuh.


mulane bakal padha mangan wohing panggawene, sarta padha wareg dening rancangane dhewe.


Iku wenehana panduman saka wohing tangane panggawene iku kareben ngalembana dheweke ana ing gapura!


Wong duraka ketangkep ing sajroning pialane, lan kejiret ing talining dosane dhewe.


Ing wektu iku kutha-kuthanira bakal kasuwungake kaya kutha-kuthane wong Hewi lan wong Amori kang padha ditinggal marga saka wong Israel, satemah banjur dadi sepi mamring.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Ingsun bakal ndhawahake piwales marang sira, kang timbang karo wohing panggawenira, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, – Ingsun bakal ngurubake geni ana ing alase, kang bakal mangsa samubarang ing sakiwa-tengene nganti entek.”


Saindenging nagara iki banjur bakal dadi jugrugan lan bera sarta bangsa iki bakal ngawula marang raja ing Babil pitung puluh taun lawase.


Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.


lan tutura marang para kang padha manggon ing nagara iki mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah bab para wong Yerusalem kang ana ing tanah Israel: Iku bakal padha mangan pangane kalawan ati sumelang lan ngombe banyu kalawan ati kang susah banget, supaya tanahe dadi sepi mamring, awit isine wus sirna, marga saka panganiayane para wong kang padha manggon ing kono kabeh.


Tanah iki bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring, dene kumlungkunge, kang marga saka santosane bakal mari; gunung-gununge Israel bakal dadi sepi mamring, satemah ora ana wong kang wani liwat ing kono.


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah, nanging ora bakal disembadani. Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku, marga ala panggawe-panggawene.


Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah, iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe; wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem, marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;


Mulane sira Sungebagi, sira Sundamel samun marga saka dosanira


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan