Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:12 - Kitab Sutji

12 Ing dina iku wong bakal ngadhep marang kowe, wiwit wong kang saka Asyur nganti tekan kang saka ing Mesir, lan wiwit saka ing Mesir nganti tekan ing bengawan Efrat, saka sagara kang siji tekan sagara sijine, sarta wiwit ing gunung kang siji tekan ing gunung sijine.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:12
15 Iomraidhean Croise  

Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane maneh prelu nebus kekarening umate kang isih ana ing Asyur lan ing Mesir, ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.


Banjur bakal ana dalan gedhe kanggo kekarene umate kang isih ana ing Asyur, kaya kang biyen wis ana kanggo Israel, nalika padha metu saka ing tanah Mesir.


Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,


Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh, saka ing lor lan saka ing kulon, tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”


Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.


Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.


Lah, Ingsun bakal ngirid para wong iku saka ing tanah lor, lan bakal ngumpulake wong-wong iku saka ing poncoting bumi, panunggalane ana kang picak lan lumpuh, ana wonge wadon kang lagi ngandheg bareng karo kumpulane wong kang nglairake anak; baline mrene dadi pasamuwan kang gedhe.


Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, he Israel, aja kuwatir! Amarga lah, Ingsun mitulungi sira saka ing panggonan kang adoh, tuwin turunira saka ing nagara pambuwangane. Yakub bakal bali mulih lan urip ayem sarta tentrem, tanpa ana kang gawe giris.


Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”


iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, kang padha ditekani, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe,


kaya manuk kang teka saka ing tanah Mesir kalawan gumeter, lan kaya manuk dara saka ing tanah Asyur, sarta bakal padha Sunpapanake ana ing omahe dhewe-dhewe, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan