Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:10 - Kitab Sutji

10 Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:10
42 Iomraidhean Croise  

Sami kawula giles ngantos kados lebuning siti, kawula gecak lan kawula idak-idak kados blethok ing margi.


Tiyang ingkang sami nglawan kawula mugi sami kasandhangana wirang, sami kalimputana ing kawirangan kadosdene mawi jubah.


Punapaa dene para bangsa ngantos sami badhe ngucap: “Allahe wong-wong iku ana ing ngendi?”


Sami sesambat nedha tulung, nanging boten wonten ingkang mitulungi sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah, nanging boten kaparingan wangsulan.


Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan, tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula, tiyang ingkang sami methenthengi kawula, sami nandhanga wirang isin.


Unjukku marang Allah peparangku mangkene: “Punapaa dene Paduka boten ngengeti kawula? Punapaa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor margi saking panganiayanipun satru?”


Nyawaku ngorong marang Allah, marang Allah kang gesang, besuk kapan anggonku diparengake sowan ndeleng Gusti Allah?


Sadurunge kwali-kwalimu kena panasing eri, kabeh kang isih seger dalasan kang wus geseng padha kabengkas dening Pangeran.


Punapaa dene bangsa sanes ngantos sami ngucap makaten: “Allahe wong iku ana ing ngendi?” Pamalesing rahipun para abdi Paduka ingkang sampun kawutahaken, mugi kasumerepana dening bangsa-bangsa sanes wonten ing ngajeng kawula sedaya.


mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka, Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge. Kayadene kundhi ngiles-iles lempung, kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.


Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asor ana ing antarane para bangsa, diremehake ana ing antarane manungsa.


Apadene Ingsun bakal paring piwales marang Babil lan sakehing wong Kasdim marga saka sakehing pialane, kang ditandukake marang Sion, kaya kang sira sipati dhewe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah.


Kabeh bakal padha manganggo bagor, bakal padha kalimputan ing rasa kaget, bakal padha kalimputan ing wirang lan sirahe padha ngundhul kabeh.


Ing saikine, manawa sira padha saguh, samangsa sira padha krungu unining kalasangka, suling, clempung, rebab, gambus, slompret lan unen-unen warna-warna, sira padha sujuda marang reca kang ingsun yasa iku! Nanging manawa sira ora padha nyembah, padha sanalika sira bakal kacemplungake ing pawon kang murub. Manawa mangkono dewa ngendi kang bisa ngluwari sira saka ing astaningsun?”


Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”


Marga saka panganiaya kang sira tandukane marang sadulurira Yakub, sira bakal kataman ing wirang lan bakal kasirnakake ing salawase.


Sira aja ngremehake sadulurira ing dina kasangsarane, lan aja bungah-bungah ing ngatase bani Yehuda, ing dina tumpese; lan aja umuk-umukan ing dina karupekane.


Saiki akeh bangsa kang padha manunggal nglawan marang sira, klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake, mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog!”


He mungsuhku, aja bungah-bungah ing ngatase aku! Sanadyan aku tiba, mesthi bakal ngadeg maneh, dadia linggih ana ing pepeteng pisan, Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhangku.


Pangeran Yehuwah wus nyingkirake paukuman marang kowe, wus nyirnakake mungsuhmu. Ratune Israel, yaiku Pangeran Yehuwah, iku ana ing tengahmu, kowe ora bakal wedi marang kasangsaran maneh.


Iku bakal padha kaya pahlawan, kang ngidak-idak mungsuh kaya blethok ing dalan, bakal padha maju perang, marga tinunggil dening Sang Yehuwah lan para prajurit jaranan bakal padha kagawe wirang.


Mripatira bakal nyipati, lan sira dhewe bakal padha ngucap mangkene: “Pangeran Yehuwah iku mahaluhur nganti tekan ing sajabaning tlatah Israel.”


Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –.


Dheweke kumandel marang Allah, cikben dipitulungi Gusti Allah, manawa pancen dadi keparenge. Rak wis kandha ngene: Aku iku Putraning Allah.”


Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”


Padha bungaha marga saka iku, he swarga, lan para suci, para rasul sarta para nabi, sabab Gusti Allah wus ndhawahi paukuman marang kutha iku marga saka kowe kabeh.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan