Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 7:1 - Kitab Sutji

1 Adhuh cilaka aku iki! Awit kaananku kaya samangsa ngundhuh woh-wohan ing mangsa ketiga, utawa kaya samangsa ngasag woh anggur, ora oleh woh anggur kang kena dipangan, utawa woh anjir kang daksenengi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 7:1
14 Iomraidhean Croise  

Cilaka aku amarga kudu manggon kaya wong manca, kaya wong ngamanca ana ing tanah Mesekh, awit kudu manggon ana ing antarane kemahe bangsa Kedar!


Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik, nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?


Iku bakal ana turahane kanggo asagan kaya nalika wong ngerog woh jaitun, ana siji loro kang kari ing pucuke, lan ana sawatara ing pang-pange, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi, ana ing satengahe para bangsa, yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun, kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.


Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan: “Kamulyan kagem Kang Mahaadil!” Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung, kuru nglayung aku. Bilai aku! Sabab para panggarong padha nggarong, malah tanpa leren anggone nggarong!”


lan kembang kang wis wiwit alum ing rerengganing sirahe kang endah-endah iku – yaiku kutha kang ana ing dhuwur gunung, ing lebak kang subur – iku kaanane bakal kaya woh anjir kang mateng sadurunge mangsa ketiga: lagi bae kasumurupan ing wong banjur kapethik lan kaemplok.


Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”


Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.


Kranjang kang siji isi woh anjir kang becik banget, empere kaya woh anjir kang mateng kawitan; kranjang sijine isi woh anjir kang elek banget, nganti ora kena dipangan marga saka eleke.


Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani, swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean, swaraning putri ing Sion kang krenggosan, kang ngegarake tangane: “Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”


Sarehne sira wus ngucap: Adhuh cilaka aku, dene Sang Yehuwah wus muwuhi kasusahan marang prihatinku! Aku nglentrih marga saka anggonku sambat-sambat lan aku ora oleh katentreman.


Lurung-lurung ing Yerusalem padha liwatana, tamatna lan titenana temenan! Titinen ing ara-arane, apa ana wong siji-sijia, apa ana kang nindakake kaadilan lan kang ngupaya kabeneran. Ingsun bakal paring pangapura marang kutha iku.


AnggoningSun biyen mrangguli Israel kayadene woh anggur ing pasamunan; anggoningSun mirsani para leluhurira, kaya pametune kawitan woh anjir. Nanging iku banjur padha marani Baal-Peor sarta ngabekti marang dewaning kanisthan, satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.


wiwitaning pametune sadhengah kang thukul ana ing bumine kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, iku iya dadi pandumanira; saben gegelitaning brayatira kang ora najis kena mangan iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan