Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:9 - Kitab Sutji

9 Rungokna, Pangeran Yehuwah nguwuh marang kutha: – wedi marang asmane iku kawicaksanan. – “Padha ngrungokna, he, talering bangsa lan wong kutha!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:9
43 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Dawud kelakon ana mangsa paceklik lawase telung taun muput. Sang Prabu Dawud banjur nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah. Pangandikane Sang Yehuwah: “Saul lan kulawargane padha utang getih, amarga mateni wong-wong Gibeon.”


Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.


Awit Panjenengane bakal ngrampungake apa kang wus katetepake tumrap aku, lan isih akeh bab-bab liyane kang kaya mangkono kang dikarsakake.


Sanyatane rahayu wong kang winelehake dening Allah; mulane aja nampik pamerdine Kang Mahakuwasa.


Sapa wong kang wicaksana? Iku becik gondhelana marang prakara iku kabeh, sarta nggatekna marang sih-kadarmaning Yehuwah.


Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka, kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Bangsa-bangsa wus padha kecemplung ing luwangan gaweane dhewe, sikile padha kena ing jiret, pasangane dhewe.


Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik, balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Amarga kutha-beteng iku dununge mencil, sawijining papan panggonan kang disuwungake lan ditinggal kayadene ara-ara samun; pedhet bakal nyenggut lan mlegung ana ing kono sarta ngentekake pang-panging wit-witan.


Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh – bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng, lathine kebak deduka, lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;


Rungokna, ana swara rame saka ing kutha, rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci! Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwales marang para satrune!


Mulane Pangeran Yehuwah banjur ngethok endhase lan buntute Israel, wite lan pange bareng sadina.


“Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.


temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”


Nanging kapriye bisane leren? Rak Sang Yehuwah kang dhawuh? Menyang ing Askelon lan ing pasisir, iya mrana iku anggone Panjenengane ndhawuhi!”


Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; sira bakal Sunwales cundhuk kalawan panggawenira lan tumindakira kang nistha bakal tumempuh marang sira. Sira banjur bakal sumurup, yen Ingsun, Yehuwah kang nyirnakake.


Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.


Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda, kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.”


“Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel.


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka, lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku!


“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”


kang ora gelem ngrungokake pituture sapa bae, lan ora mreduli marang pamada, ora kumandel marang Pangeran Yehuwah lan ora sowan marang ing ngarsane Gusti Allah.


Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan