Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:8 - Kitab Sutji

8 “He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:8
66 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.


Nanging panunggalane wong Asyer, Manasye lan Zebulon ana sawatara kang ngesorake awake lan padha teka ing Yerusalem.


Nanging Sang Prabu tumuli ngrumaosi ing angkuhe mau tuwin banjur ngesorake sarirane, iya panjenengane iya para wong kang manggon ing Yerusalem, satemah bebenduning Pangeran Yehuwah ora tumempuh ing jamane Sang Prabu Hizkia.


Pandongane lan kabule pandongane, sakehe dosane lan anggone ora setya, sakehing panggonan kang diedegi tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala tuwin reca-reca tatahan, sadurunge panjenengane ngesorake sarira, lah kabeh iku padha katulisan ana ing riwayate para wong sidik.


Nanging panjenengane ora ngesorake sarira ana ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya Sang Prabu Manasye, kang rama, malah saya mundhak akeh kaluputane.


ing sarehne sira wus ngatonake panalangsanira lan ngesorake awakira ana ing ngarsaning Allah nalika sira krungu pangandikane tumrap panggonan iki lan tumrap para kang padha ngenggoni, ing sarehne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, – makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah –


Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Kawula badhe ngidungaken sih-susetyan lan angger-angger, kawula badhe ngrepekaken masmur kagem Paduka, dhuh Yehuwah.


Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.


Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


saben dina nandukake kawelasan lan ngutangi, sarta anak-putune padha dadi berkah.


Nanging kawula, kawula remen celak kaliyan Gusti Allah; Pangeran Allah ingkang kawula anggep dados pangayoman kawula, supados kawula saged nyariyosaken sakathahing pakaryanipun.


Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.


Wasana minangka pungkasane kang kapireng yaiku: wedia marang Gusti Allah lan netepana pepaken-pepakene, awit iki kuwajibane saben wong.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan, awit sadhela engkas karahayon kang saka Ingsun wus bakal teka, sarta kaadilaningSun bakal kalairake.


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.


sarta mutusi prakarane wong sangsara lan wong miskin kalawan adil. Rak iku arane nganggep marang Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


– Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene!


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;


Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.


tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi mati! – nanging wong mau banjur nyingkiri pialane tuwin tumindak adil lan bener,


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


– Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah, kang asma Yehuwah. –


Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnan dudu kurban sembelehan, lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allah tinimbang karo kurban obaran.


Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe – utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,


Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu, lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.”


Rungokna, Pangeran Yehuwah nguwuh marang kutha: – wedi marang asmane iku kawicaksanan. – “Padha ngrungokna, he, talering bangsa lan wong kutha!


He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger-anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah.


“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Anggonira nindakake pangadilan kang jejeg, sarta padha nandukna katresnan lan kawelasan marang wong siji lan sijine.


“Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit iku kang padha nduweni Kraton ing Swarga.


Rahayu wong kang ambek welasan, awit iku bakal padha oleh piwelas.


mangka kang prelu iku mung siji: Maryam wis milih panduman kang becik dhewe, kang ora bakal kajupuk saka ing dheweke.”


Nanging bilai kowe, heh, para wong Farisi, amarga kowe padha mbayar pra sapuluhan kanggo majegi godhong merdinah, inggu lan sawarnane jejanganan, nanging kowe padha nglirwakake kaadilan lan katresnaning Allah. Sing siji kudu dilakoni, lan sijine aja dilirwakake.


Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?”


Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”


Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.


Nanging, heh manungsa, kowe iku sapa ta, dene kok madoni marang Gusti Allah? Apa iya bisa, ta, barang gegawean calathu marang kang gawe mangkene: “Yagene dene anggonmu gawe aku kok kaya mangkene?”


Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?


Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


Elinga, ing dina iki aku wus nggelarake bab urip lan karahayon, bab pati lan kasangsaran,


Mulane sarehne kowe wus padha dadi pepilihane Gusti Allah, kang wus kasucekake lan kinasihan, padha nyandhanga asih welas, kaloman, andhap-asor, alusing bebuden lan sabar.


Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,


He, wong bodho, apa kowe saiki gelem ngakoni, manawa pracaya tanpa panggawe iku pracaya kang kothong.


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.


Mungguh ing aku, muga adoha saka ing dosa marang Sang Yehuwah, nganti leren anggonku ndongakake kowe; aku bakal nuduhake kowe marang dalan kang becik lan bener.


Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan