Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:7 - Kitab Sutji

7 Apa wedhus gembel lanang ewon lan kalen lenga leksan ndadekake keparenge Sang Yehuwah? Apa anakku pembarep daksaosake marga saka panerakku, sarta wohing wetenganku marga saka dosaku dhewe?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:7
29 Iomraidhean Croise  

nanging sugenge niru pandamele para ratu ing Israel, panjenengane malah misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, kayadene panggawe nistha kang katindakake dening para bangsa kang wus kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


Malah panjenengane misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, olah ngelmu pameca lan petungan, apadene remen lelayanan karo para prewangan lan para juru nujum. Akeh pandamele kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, satemah ndadekake gerahing panggalihe.


Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.


Sang Prabu nuli mundhut kang putra kang pambajeng, kang bakal nggentosi panjenengane jumeneng ratu; iku kadamel kurban obaran ana ing sadhuwure pager tembok. Wong Israel banjur nepsu banget temah nuli padha mundur saka ing ngarsane lan padha mulih menyang ing tanahe dhewe.


nalika tapaking sikilku adus susu, lan gunung parang padha metu kaline lenga ana ing sacedhakku.


Ingsun ora susah mundhut sapi saka ing omahira utawa wedhus lanang saka ing kandhangira,


Dhuh Allah, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka.


Awit Paduka boten ngarsakaken mundhut kurban sembelehan, kurban obaran Paduka inggih boten karsa.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Nindakake kabeneran lan kaadilan iku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.


Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.


Libanon iku ora cukup manawa kanggo kayu dang lan satokewane ora cukup manawa kanggo kurban obaran.


Para wong iku wus padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo Baal, kanggo ngobong anak-anake minangka kurban obaran marang Baal, sawijining prakara kang ora tau Sundhawuhake utawa Sunngandikakake apadene kang ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.


Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syeba lan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh? Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran, lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun.


Wong iku wus padha ngadegake tengger pangurbanan kang aran Tofet ing Lebak Ben-Hinom kanggo ngobong anak-anake lanang lan wadon, prakara kang ora tau Sunprantahake lan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.


Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane.


Padha arep ngupaya Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kurban wedhus lan sapi, nanging ora bakal ketemu, Pangeran Yehuwah wus nebihi wong-wong iku.


Awitdene kang Sunrenani iku sih-katresnan dudu kurban sembelehan, lan aluwung milih wanuh marang Gusti Allah tinimbang karo kurban obaran.


Anakira aja ana kang sira ulungake kagawe sajen marang Molokh, supaya sira aja nganti nyawiyah asmane Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


Sanyata, samangsa sira nyaosake marang Ingsun kurbanira obaran, lan kurbanira dhaharan, iku ora ndadekake keparenge galihingSun, sarta kurbanira slametan kang arupa pedhet lemon, iku ora Sunpirsani.


Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.


punapa kemawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng saking ngajengipun tiyang bani Amon, punika badhe dados sesengkeranipun Sang Yehuwah, badhe kawula saosaken dados kurban obaran.”


Sawuse rong sasi banjur kondur menyang ing daleme kang rama, dene kang rama tumuli ngluwari nadare kang wus dilairake tumrap kang putra mau; kang putra mau dadine ora nglakoni krama. Lan iku dadi adat ing Israel:


Nanging ature Nabi Samuel: “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan