MIKHA 6:6 - Kitab Sutji6 “Kalawan sesaosan apa anggonku lunga sowan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, lan anggonku sujud marang Gusti Allah kang Mahaluhur? Anggonku sowan ing ngarsane apa kalawan nyaosi kurban obaran, kalawan pedhet kang umur setaun? Faic an caibideil |
Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.
Nanging manawa para wong ing nagara, ing dina-dina pahargyan mau padha nglumpuk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kang lumebu ngliwati gapura lor sumedya melu sujud nyembah, metune liwata ing gapura kidul, dene kang lumebune ngliwati gapura kidul, metune liwata ing gapura lor. Aja ana wong kang metune liwat ing gapura kang mau diwetoni nalika lumebune, dadi saben wong metune liwata ing gapura kang ana ing ngarepe.
Panjenenganipun katundhung saking ing antawisipun manungsa saha panggalihipun dados sami kaliyan manahipun kewan, tuwin dedalem ing satengahing kuldi wanan; panjenenganipun kaparingan dhahar rumput kados dene lembu, saha sariranipun katelesan ing ebuning langit ngantos panjenenganipun ngakeni, bilih Gusti Allah Ingkang Mahaluhur punika nguwaosi karajaning manungsa saha saged njumenengaken sinten ingkang kakarsakaken wonten ing kalenggahan punika.