sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira, Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug, Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)
Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?
Sira iku tedhak turune sapa? Gatekna dhawuh pangandikane Sang Yehuwah! Apa Ingsun wus dadi ara-ara samun tumrap Israel utawa tanah kang peteng ndhedhet? Yagene umatingSun kok ngucap: Kawula sampun mardika, kawula sami boten purun sowan malih dhateng ing ngarsa Paduka?
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para leluhurira ngalami kaculikan apa saka Ingsun dene padha ngedohi Ingsun, lan banjur ngetutwuri dewa kang tanpa paedah temah padha ora oleh apa-apa?
He umatingSun, padha elinga apa kang karancang dening Balak, ratu ing Moab, lan kapriye kang dadi wangsulane Bileam bin Beor, tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal, supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”
Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.