2 He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah, lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi! Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate, sarta prakawisan karo Israel.
Ayo, kita padha prakaran! – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – Sanadyan dosanira abang kaya gluga, bakal dadi putih kaya salju; sanadyan rupane abang kaya jarit sumba bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.
Gumuruhing perang bakal tumeka ing poncoting bumi, amarga Sang Yehuwah kagungan prakara karo para bangsa; Panjenengane karsa prakaran karo sakehing para titah; wong duraka bakal padha diulungake marang pedhang. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Kayadene langit ora kena ingukur, lan dhasar-dhasaring bumi ngisor ora bisa katiti-priksa, mangkono uga Ingsun ora bakal nampik sakehing tedhak turune Israel, marga sakehing panggawene. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Efraim iku njaga angin, lan mburu angin wetan sedina muput, ngakehake tindak cidra lan panganiaya, padha gawe prajanjian karo Asyur, lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
He wong Israel, padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, awit Sang Yehuwah kagungan prakara karo wong isine nagara kene, marga ora ana kasetyan lan ora ana katresnan marang Allah, sarta ora ana kang wanuh marang Gusti Allah ing nagara kene.
Padha ngrungokna kang dadi pangandikane Pangeran Yehuwah: Ngadega, lapura nganti gunung-gunung padha krungu, lan tengger-tengger kareben krungu swaranira!
Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.
ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.