Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:16 - Kitab Sutji

16 Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:16
31 Iomraidhean Croise  

Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.


Sabanjure padaleman iki bakal dadi jugrugan, satemah saben wong liwat bakal gumun, singsot sarta celathu: Apa sababe dene Pangeran Yehuwah matrapi kang mangkono iku marang nagara iki lan marang padalemane iki?


nanging sugenge niru pandamele para ratu ing Israel, panjenengane malah misungsungake putrane kadadekake kurban ing geni, kayadene panggawe nistha kang katindakake dening para bangsa kang wus kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


Tengger-tengger pangurbanan kang wus disirnakake dening Sang Prabu Hizkia, kang rama, padha didegake maneh; panjenengane yasa misbyah-misbyah kanggo Baal, damel reca Asyera kaya Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan sujud nyembah marang sakehing wadya-bala ing langit sarta ngabekti marang iku.


Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, amarga sasedane kang rama, iku tumuli padha dadi juru pirembage kang gawe cilakane.


amarga padha ngungkurake marang Ingsun lan sesaji kurban marang allah liyane; sedyane arep gawe gerahing panggalihingSun sarana sakehe gegaweane tangane. Mulane bebenduningSun kang mulad-mulad bakal kaesokake ing panggonan kene sarta iku ora bakal sirep-sirep.


Rahayu wong kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka, lan ora ngambah dalane wong dosa sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,


Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanan sarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.


Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula, kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.


Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.


Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake.


Ingsun bakal damel kutha iki dadi pangewan-ewan lan cacadan. Sadhengah wong kang liwat ing kene bakal padha kaeraman lan ngeses marga saka sakehe wewelake.


yaiku marang kutha Yerusalem lan kutha-kuthane Yehuda, dalah para raja lan panggedhene, supaya iki kabeh dadia jugrugan, padha garing lan dadi lesaning panacad sarta ipat-ipat, kayadene kang kelakon ing dina iki;


lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase.


Ingsun bakal mbujeng wong-wong iku kalawan pedhang, pailan lan pageblug lan Sundadekake pagiris tumrap sakehing karajan ing bumi, dadi dununging ipat-ipat lan marganing miris, poyokan lan cecampahan ana ing antarane para bangsa kang dadi paraning anggoningSun mbuyarake wong-wong iku,


Kawula sami isin, amargi kula mireng pawartos bab pamada lan panyamah ingkang ngebeki bumi, dene tiyang ngamanca sami mlebet ing papan-papan suci ing padalemanipun Sang Yehuwah.


Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi ngengeti punapa ingkang sampun sami kawula alami, mugi Paduka karsaa mirsani saha ngudaneni dhateng kawontenan kawula ingkang asor punika.


Wong-wong iku bakal lali marang kawirangane lan sakehe tumindake kang ora setya, kang dilakoni tumrap Ingsun samangsa wus bali manggon ing tanahe kalawan tentrem lan ora ana kang njalari wedine,


Dhuh Pangeran, supados ngetrepana ing sih-piwelas Paduka, mugi deduka saha bebendu Paduka sumingkira saking Yerusalem, kitha Paduka, redi Paduka ingkang suci; awit margi saking dosa kawula sadaya saha margi saking kalepatanipun para leluhur kawula, Yerusalem tuwin umat Paduka sampun dados cacad tumrap sadaya tiyang ing sakiwa-tengen kawula.


Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir, malah banjur direksa dening nabi.


Efraim wus katindhes, karemuk dening paukuman, awit kenceng anggone ngenut kang tanpa guna.


“Aja medhar wangsit,” mangkono celathune, “wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku! Kita ora bakal oleh panajad.”


Mulane sira Sungebagi, sira Sundamel samun marga saka dosanira


Nanging sira Sunwaoni, amarga sira ngumbar Izebel, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarake para abdiningSun supaya laku jina lan mangan sesajene brahala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan