Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:15 - Kitab Sutji

15 Sira bakal nyebar wiji, nanging ora ngundhuh, bakal meres woh jaitun, nanging ora bisa nganggo lengane; lan iya mipit woh anggur, nanging ora ngombe anggure.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:15
14 Iomraidhean Croise  

apa kang daksebar cikben dipangan wong liya, lan apa kang thukul kanggo aku cikben dibedholi.


Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni, anggone nggarap gawe kanthi rekasa, mung bae ora ana pituwase, padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene, wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”


Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.


temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.


Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes, sarta gandume kokpajegi, mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan, nanging iku bakal ora sira enggoni; sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah, nanging sira ora bakal ngombe anggure.


Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun, sarta wit anggur boten wonten wohipun, wit jaitun wohipun damel gela, sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha, menda sami medal saking kandhangipun, saha ing kandhang boten wonten lembunipun,


Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.”


Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!


Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.


Padha ngedegake kemah ana ing tanah kono lan padha ngrusak pametuning bumine, nganti tutug ing sacedhake Gaza, lan padha ora ngarekake pangan ana ing Israel, wedhus gembel, sapi lan kuldi iya ora.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan