Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:14 - Kitab Sutji

14 Sira bakal mangan, nanging ora bisa dadi wareg, sarta wetengira ajeg ngamuk marga luwe; sira bakal nyingkirake apa-apa, nanging ora bisa nyimpen, sarta sapira kang sira simpen, iku bakal Sunulungake marang pedhang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:14
15 Iomraidhean Croise  

Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb. Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara, papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggero papaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur, wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi, lan barang darbeke ign punuking unta, arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,


Mulane mangkene pangandikane Pangeran Allah: “Lah para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombe, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang;


Manasye mangsa Efraim, lan Efraim mangsa Manasye, tuwin bebarengan padha nglawan Yehuda. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, sarta astane isih kaagagake.


Kang keplayu marga saka pagiris bakal kecegur ing luwangan, kang krekelan saka ing luwangan kena ing jiret. Lah, Ingsun ndhatengake iki kabeh marang Moab, ing taun tibaning paukumane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Panunggalanira sapratelon bakal mati dening pageblug lan mati kaliren ana ing tengahira; sapratelon bakal tiwas dening pedhang ana ing sakubengira; lan sapratelon bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat sarta bakal Ingsun bujeng kalawan pedhang ligan.


Bakal padha mangan, nanging ora bisa wareg, padha laku jina, nanging ora tangkar-tumangkar, awit wus padha ninggal marang Pangeran Yehuwah lan nggondheli sundel.


Samangsa Ingsun nyirnakake tandhoning panganira, nuli wong wadon sepuluh bakal padha mbakar roti ana ing paroten siji. Banjur mbalekake rotine marang sira miturut bobote, temah anggonira padha mangan bakal ora nganti wareg.


Sira iku nyebar akeh, nanging sathithik oleh-olehane kang sira gawa mulih; sira mangan, nanging ora nganti wareg; anggonira ngombe ora nganti marem; anggonira nyandhang, ora nganti anget awakira; apadene wong kang buruh, sawuse nyambutgawe anggone nyimpen buruhane ana ing kanthong kang bolong!


“Mulane saiki, sira padha nggatekna wiwit ing dina iki lan sateruse! Sadurunge wong masang watu siji-siji kanggo mbangun Padalemane Sang Yehuwah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan