Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:13 - Kitab Sutji

13 Mulane sira Sungebagi, sira Sundamel samun marga saka dosanira

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:13
16 Iomraidhean Croise  

Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane: “Nganti kutha-kutha wus sepi mamring, ora ana kang ngenggoni maneh, lan ing omah-omah wus ora ana manungsane maneh sarta tanahe dadi sepen lan sepi.


Manawa aku metu menyang ing ara-ara ing kana ana wong kang padha mati, marga diprajaya ing pedhang! Manawa aku lumebu ing kutha ing kana ana wong kang padha lara kaliren! Dalah nabi lan imam padha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.”


Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur, kang manjing ing balung-balungku; Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku, aku didhesek mundur, sarta aku digawe kaget, lan kelaran nganti sadina muput.


Dalan-dalanku dienggokake, aku disempal-sempal lan ndadosake aku bingung.


Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas; amargi kawula sampun sami damel dosa.


Efraim bakal dadi cengkar ing dinane paukuman; Ingsun ndhawuhake kang wus kapesthekake tumrap talere bani Israel.


Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.


Sabab tatune Samaria ora bisa mari, wus mremen nganti tekan ing Yehuda, malah tekan ing gapurane bangsaku, iya ing Yerusalem.


Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”


Nanging bumi bakal dadi ludhes marga saka kang ngenggoni, iku wohe panggawene.


Padha sanalika Sang Prabu banjur kagebag dening malaekating Pangeran, jalaran ora ngunjukake pangaji-aji marang Gusti Allah. Panjenengane seda kamangsa ing cacing.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan