Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:12 - Kitab Sutji

12 Wong-wong sugih ing kutha iku padha kebak panganiaya, wong kang manggon ing kono padha ngucapake paracidra, sarta ilate ing cangkeme iku tukang ngapusi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:12
29 Iomraidhean Croise  

“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking lambe ingkang cidra, saking ilat ingkang dora-cara.”


Ingkang dipun rembag sanes karukunan, malah sami ngrancang pratingkah cidra kangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun.


Nanging padha ngapusi Panjenengane kalawan cangkeme lan nggorohi Panjenengane kalawan ilate.


Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.


Yerusalem sanyata wus ambruk lan Yehuda wus rubuh, amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwah sarta padha nantng marang tingale kang mulya.


Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah iku turune Israel, lan para wong Yehuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.


Ilate iku panah kang memateni, tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus, pangucape marang kancane: tentrem, nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.


samangsa Ingsun marasake Israel, nuli kelair dosane Efraim, lan pialane Samaria; dene wus padha tumindak ngapusi, maling lumebu kalawan ngrusak omah, grombolan kang ana ing njaba padha mbegal.


Bilai wong-wong iku, marga wus padha minggat ninggal Ingsun, padha nemahana karusakan, awit wus padha brontak marang Ingsun! Arep padha Sunpitulungi, nanging padha ngucap goroh marang Ingsun.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Yehuda telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah, lan ora netepi pranatane, nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh, kang dienut dening para leluhure,


kang klemahan ana ing paturon gadhing, lan nglegeyeh ana ing amben, sarta mangan cempening pepanthan, apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon,


Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.


Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.


Lan wong-wong Yahudi iya padha nyarujuki pandakwa iku lan matur, yen pancen dhasar mangkono.


Gurunge iku kaya kubur menga, ilate dianggo nyenyidrani, lambene ngemu wisa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan