Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 6:11 - Kitab Sutji

11 Apa iya Ingsun kendel bae ora paring paukuman marang wong kang nggawa traju palsu, utawa kanthong isi watu timbangan kang cidra?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 6:11
9 Iomraidhean Croise  

Traju kang cidra iku kasengitan dening Sang Yehuwah, nanging watu timbangan kang trep ndadekake keparenge.


Timbangan lan traju kang patitis iku kagungane Pangeran Yehuwah, lan sakehe bandhul-timbangan ing kanthong iku damelane.


Bandhul timbangan rong warna, lan takeran rong warna, karo-karone iku nistha tumrap Pangeran Yehuwah.


Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.


“Sira iku kudu mratobat marang Allahira, netepana katresnan lan angger-angger, sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”


Sira padha migunakna timbangan kang bener, watu timbangan kang bener, takeran efa kang bener lan takeran hin kang bener; Ingsun iki Yehuwah Allahira kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir.


lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar, supaya kita bisa adol gandum, sarta besuk apa rampunge dina Sabat, supaya kita bisa nawakake gandum kalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel, ngapusi kalawan timbangan palsu,


Pangandikane malaekat mau: “Iku kadursilan!” Wong wadon iku banjur dijorogake maneh ana ing takeran efa, sarta bandhule timah kabanting ing cangkeme efa.


“Ing kanthongmu aja ana watu timbangan rong warna, gedhe lan cilik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan