10 Ingsun mangsa kasupena marang raja-brana kang saka kadursilan ing omahe wong duraka, lan marang takeran efa kang cidra sarta kang kena ing ipat-ipat iku!
“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”
Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.
Aku nuli matur pitakon: “Punapa punika?” Pangandikane malaekat: “Kang katon iku takeran efa!” Nuli ngandika maneh: “Iku pialane wong-wong mau ana ing saindenging nagara!”
Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.