Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 5:9 - Kitab Sutji

9 Pangandikane Sang Yehuwah: Ing dina iku bakal kelakon, Ingsun bakal mbengkas jaranira saka ing tengahira, lan bakal ngrusak kretanira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 5:9
15 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka, sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.


mulane Pangeran banjur ngagagake astane marang para leluhur, arep padha dipateni ana ing ara-ara samun,


Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah, saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.


AstaningSun bakal nglawan marang sira Ingsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha, sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.


Nanging bakal padha mabur mangulon, menyang ing ereng-erenging gunung Filisti, bakal njarah-rayah bani Timur bebarengan; bakal padha ngrampas Edom lan Moab, sarta wong Amon bakal padha teluk.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Saiki Ingsun bakal jumeneng – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – saiki Ingsun bakal gumregah jumeneng, saiki Ingsun bakal jumeneng jejeg!


Kacarita Malekate Pangeran Yehuwah nuli miyos lan mejahi wong kang ana ing tarub-tarube Asyur satus wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun iku kabeh wus padha dadi jisim.


“Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”


Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan