Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 5:5 - Kitab Sutji

5 Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang, lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan, sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur samangsa dheweke lumebu ing tanah kita sarta ngambah ing tlatah kita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 5:5
31 Iomraidhean Croise  

Sajroning karubedan nem warna kowe mesthi dipitulungi, bareng tekane kang kapitu ora nganti ginepok ing cilaka.


Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.


Ana telung prakara kang dakgumuni, malah patang prakara kang ora dakngreteni;


Ana kewan telu kang gagah jangkahe, malah papat kang jangkahe bregas, yaiku:


Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;


Menehana panduman marang wong pitu, malah marang wong wolu, amarga kowe ora sumurup, kasangsaran apa kang bakal kelakon ana ing bumi.


Ingsun bakal mbengkas wong Asyur ana ing nagaraningSun padha Sunidak-idak ana ing gunungingSun; pasangan kang dietrapake ing umatingSun dening wong-wong mau bakal kabuwang mangkono uga momotan kang ditumpangake ing pundhake.”


Ingsun kang ngandika bab Koresy: Iku abdi pangoningSun sakehing karsaningSun bakal dilakoni iku bakal celathu bab Yerusalem: Iku prayoga dibangun! tuwin bab Padaleman Suci: Tetalese prayoga kapasang!”


Ing kono wong banjur bakal wedi marang asmaning Pangeran Yehuwah ana ing papan suruping srengenge tuwin marang kamulyane ana ing papan pletheking srengenge, awit Panjenengane bakal rawuh kaya ilining banyu saka papan kang ciyut, kang kasurung dening napasing Sang Yehuwah.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune: iku aja dirusak, sabab ing jerone isih ana berkahe! mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun, yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara.


Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Damsyik telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun: sarehne wus padha nindhes Gilead, nganggo pleredan panuton wesi,


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Marga saka durakane Gaza telung prakara, malah patang prakara, mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun, dene wus ngangkatake wong sabangsa kabeh menyang ing pambuwangan, kang banjur padha diulungake marang Edom,


Bakal padha nyabrang ing sagara Mesir, dene Gusti Allah bakal nyabet aluning samodra, satemah sakehe kedhunging bengawan Nil padha dadi asat. Kang diegungake bangsa Asyur bakal kaplorodake, lan tekening kaprabon Mesir bakal ilang.


“BebenduningSun bakal mulad-mulad ing ngatase para pangon, sarta para kepalaning pepanthan wedhus berok bakal padha Sundhawahi piwales, awit Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi nggatosake marang pepanthan wedhus kagungane, yaiku turune Yehuda, padha kadadekake kaya titihaning kamulyane ana ing paperangan.


Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Awit Yehuda Sunpenthang minangka gendhewa, lan Suniseni Efraim minangka panahe; apadene, he Sion, anak-anakira bakal Sunobong supaya nglawan para anakira, he Yunani, sarta sira Sundadekake kaya pedhanging pahlawan.


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”


Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan