MIKHA 5:4 - Kitab Sutji4 sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu. Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita, sarta ngambah ing tanah kita, nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan, malah pemimpin wolu kang asipat manungsa. Faic an caibideil |
Lah saiki pangandikane Sang Yehuwah, kang nganakake Ingsun kadadekake abdine wiwit ana ing bobotan, supaya mbalekake Yakub marang Panjenengane, tuwin nglumpukake Israel ana ing ngarsane – mulane Ingsun kaluhurake ana ing paningale Pangeran Yehuwah, tuwin Gusti AllahingSun dadi kakiyataningSun –, mangkene pangandikane:
Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.