MIKHA 5:2 - Kitab Sutji2 Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel. Faic an caibideil |
He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.
Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.
Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.