ora bakal mandeng marang misblyah-misbyah gaweane tangane dhewe, lan ora bakal nyawang marang garapaning tangane, yaiku tugu-tugu brahala lan padupan-padupan.
Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.
Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub, ora nganggo pinaringan sih-piwelas. Panjenengane ing sajroning bramatyane nggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda. Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumi lan didamel sawiyah-wiyah.
Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh; sakehe recanira ukiran lan cor-coran bakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira. Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”