Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 5:13 - Kitab Sutji

13 Dalah saka-sakanira brahala bakal Sunbedholi saka ing tengahira, lan brahalanira bakal Sunsirnakake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 5:13
17 Iomraidhean Croise  

Dene brahala-brahala bakal sirna babar pisan.


Nagaranipun kebak brahala; tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah dhateng dedamelaning tanganipun piyambak lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.


Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.


Omahira bakal padha diobongi lan sira bakal dipatrapi paukuman ana ing ngarepe wong wadon akeh. Kanthi patrap mangkono iku anggoningSun nglereni anggonira tumindak nistha, tuwin opahing kanisthan ora bakal sira wenehake maneh.


Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.


ora najisake awake maneh kalawan para brahalane lan dewa-dewane kang marakake najis sarta kalawan sakehe panerake. Nanging bakal padha Sunluwari saka ing sakehing panylewenge kang njalari dosane, apadene bakal padha Sunresiki satemah banjur bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahe.


Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.


Atine lamis, saiki kudu padha nanggung wohing kaluputane, Pangeran bakal ngremuk misbyah-misbyahe, lan mbubrah tugu-tugune brahala.


Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.


Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.


Tumrap kowe, Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: “Ora ana turun kang bakal nganggo jenengira maneh; sakehe recanira ukiran lan cor-coran bakal padha Sunsirnakake saka ing papane allahira. Ingsun bakal nyawisake kuburanira, awit sira iku asor.”


Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang Yehuda sarta sakehe wong isine Yerusalem. Kekarene Baal bakal Suntumpes saka ing panggonan iki dalah jenenge para imaming brahala.


Iya ing wektu iku – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi – Ingsun nyirnakake jenenge sakehe brahala saka ing nagara iku, nganti wong-wong padha ora eling marang iku maneh. Dalah para wong kang ngaku-aku nabi sarta roh reged bakal Sunbuwang saka ing nagara kono.


Ananging kekarene wong kang ora dipateni kalawan wewelak iku mau, meksa ora padha mratobat nyingkiri pagaweaning tangane: ora mareni anggone padha nyembah marang para dhemit lan brahala-brahala mas, salaka, tembaga, watu apadene kayu kang ora bisa ndeleng, krungu utawa lumaku.


dene wong lima kang maune lunga nelik tanah iku padha nerusake lakune lan lumebu sarta njupuki recane ukir-ukiran, efode, terafime lan recane cor-coran. Dene imame ngadeg ana ing regol awor karo wong nem atus kang sikep gegaman mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan