12 Mangkono maneh reca-recanira, apadene tugu-tugu branalanira bakal Sungempur saka ing tengahira, temah sira bakal ora sujud maneh marang gegaweaning tanganira.
Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,
Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.
Sarta turahane kayu mau banjur digawe allah, dadi reca sesembahane, iku disujudi, disembah-sembah kalawan ndedoga: “Muga karsaa mitulungi kawula, awit paduka punika allah kawula.”
Omahira bakal padha diobongi lan sira bakal dipatrapi paukuman ana ing ngarepe wong wadon akeh. Kanthi patrap mangkono iku anggoningSun nglereni anggonira tumindak nistha, tuwin opahing kanisthan ora bakal sira wenehake maneh.
Sabab para bangsa kang tanahe arep kokejegi iku padha neges marang juru tenung lan juru pethek, nanging kowe iku ora diparengake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nindakake kang kaya mangkono mau.
Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.
Nanging asu lan juru tenung, tuwin wong-wong kang laku jina, wong gawe pati, lan kang nyembah brahala, sarta sok wonga kang dhemen lan nglakoni para-cidra, iku ana ing sajabaning kutha.