Nagaramu dani sepi mamring, kutha-kuthamu padha kobong nganti entek; pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu. Sepi mamring nagara iku kayadene dibosah-basihake dening bangsa liya.
Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan saha sikir kados tiyang Filisti, tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.
Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.
Aku nuli munjuk pitakon: “Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangeran?” Paring wangsulane: “Nganti kutha-kutha wus sepi mamring, ora ana kang ngenggoni maneh, lan ing omah-omah wus ora ana manungsane maneh sarta tanahe dadi sepen lan sepi.
Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub, ora nganggo pinaringan sih-piwelas. Panjenengane ing sajroning bramatyane nggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda. Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumi lan didamel sawiyah-wiyah.
Sira celathu: Aku arep mangkat nempuh tanah kang kutha-kuthane tanpa tembok lan bakal arep nekani wong-wong kang uripe ayem lan manggon kalawan tentrem; papan panggonane tanpa tembok utawa palang lan tanpa gapura.
Bakal jumedhul gumuruhing perang ana ing antarane bangsanira, lan sakehe betengira bakal kagempur, kaya Salman anggone nggempur Bet-Arbel ing kalane campuh perang, biyung dalah anak-anake padha diremuk.
Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –