Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 5:10 - Kitab Sutji

10 Ingsun bakal nyirnakake kutha-kuthane nagaranira, sarta betengira bakal padha Sungempuri.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 5:10
9 Iomraidhean Croise  

Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan; nagarinipun kebak kapal sarta kretanipun tanpa wicalan.


Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus, yaiku kramean ing tengger-tengger iku! Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang ngasta kaslametane Israel.


Nanging turune Yehuda kang bakal Sunwelasi lan Sunpitulungi demi Sang Yehuwah Allahe. AnggoningSun mitulungi iku ora srana panah utawa pedhang, ora srana gegamaning perang utawa srana jaran apadene prajurit jaranan.”


Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.


“Sira ndhawuhana marang Zerubabel, bupati ing Yehuda, mangkene: Lah Ingsun bakal ngoregake langit lan bumi,


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Ratu iku aja nganti ngingu jaran akeh-akeh lan aja mbalekake bangsa iku menyang ing tanah Mesir supaya oleh jaran akeh, awitdene wus ana dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe: Ing tembe sira aja bali ngliwati dalan iki maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan