Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 5:1 - Kitab Sutji

1 Anadene sira, he, Betlehem ing Efrata, sanadyan sira kalebu cilik ana ing antarane turune Yehuda, saka sira bakal miyos lumadi marang Ingsun, wong kang bakal ngereh Israel; kang wus ana wiwit ing jaman purwa, wiwit ing jaman kuna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 5:1
35 Iomraidhean Croise  

Mangkono anggone Rakhel tinggal donya, banjur kakubur ana sapinggiring dalan kang anjog ing Efrata, yaiku Betlehem.


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”


Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.


Wong padha crawak cangkeme tumrap ing aku, aku ditapuk kalawan pamemirang, padha nggrombol arep ngroyok aku.


Ingsun wus kaanakake nalika jaman purwa, iya ing wiwitan mula, sadurunge bumi ana.


Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.


Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita, Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita; Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita, Panjenengane bakal ngluwari kita.


Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa, padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh, padha sabukana, lan padha girisa! padha sakana lan padha girisa!


Amarga ana Bayi kang wus miyos kanggo kita, ana Putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging paprentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.


lah Ingsun bakal nimbali sakehe para umat saka ing tanah lor – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, lan dhawuh marang Nebukadnezar, raja ing Babil, abdiningSun iku; Ingsun bakal nekakake para wong iku nglurugi nagara kene, wong-wonge kang padha manggon lan bangsa-bangsa ing sakubenge, kang bakal padha Suntumpes, Sundadekake pagiris, dadi lesaning panacad lan dadi ludhesan ing salawase.


Singa wus jumedhul saka ing grumbulan. Kang ngrusak para umat wus mangkat, wus metu saka ing panggonane, arep gawe cengkaring nagaranira; kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan, ora ana kang ngenggoni.


Pipine diulungna marang kang napuk, dinganti wareg anggone dipoyoki.


Sira bakal dadi memangsaning geni, getihira bakal wutah ana ing satengahing tanah kono tuwin sira bakal ora kaelingan maneh, sabab Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku.”


“He, anaking manungsa, cathetana tanggale dina iki, iya tanggale dina iki. Ing dina iki uga ratu ing Babil wiwit nempuh Yerusalem.


Sumurupa lan mangretia: wiwit kawiyose pangandika mau, yaiku manawa Yerusalem bakal kapulihake lan kabangun maneh, nganti rawuhe kang dijebadi, yaiku sawijining ratu, iku ana pitu kaping pitung mangsa; lan sawidak loro kaping pitung mangsa lawase anggone kutha iku bakal kabangun maneh, mawa alun-alun lan kalen, nanging ana ing sajroning karubedan.


Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa: padha samektaa ing perang, para pahlawan padha sira angkatna, sakehe prajurit padha sira prentahana supaya ngetoni perang.


Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe, sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Dene lah Ingsun kang nenangi wong Kasdim, bangsa kang ambek-siya lan cukat tandange, kang ndlajahi garis-garising lintang bumi, arep ngejegi papan padunungan kang dudu duweke.


Nalika kawula mireng prakawis punika, gumeter manah kawula, lambe kawula ndhredheg mireng ungelipun; balung kawula kados-kados sami kalebetan bubuk, sarta kawula gumeter wonten ing papan ingkang kawula idak; ewasamanten kawula badhe kanthi ayem ngentosi dinten dhatengipun karibedan, ingkang tumempuh dhateng bangsa ingkang gegrombolan nempuh kawula.


Banjur padha ngidoni pasuryane lan ngantemi; ana maneh kang napuki


Banjur padha ngidoni, lantaran karebut kagebagake ing mustakane.


Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.


Nalika Panjenengane ngandika mangkono iku, panunggalane para tukang jaga kang ngadeg sacedhake kono, banjur napuk pasuryane Gusti Yesus kambi calathu: “Mangkono iku saurMu marang Imam Agung?”


tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.


Nanging Imam Agung Ananias dhawuh marang wong-wong kang padha ngadeg cedhak Rasul Paulus, supaya napuk tutuke Rasul Paulus.


Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.


Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;


Gusti Allah kang langgeng iku dadi pangaubanmu, lan ing ngisormu ana bau-bau kang langgeng. Panjenengane nundhungi mungsuh saka ing ngarepmu, sarta ngandika: Tumpesen!


Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan