9 Lah saiki, yagene ta sira padha sesambat kalawan sora? Apa ora ana ratu ing tengahira? Utawa penasehatira apa wis padha tumpes, dene sira nganti ngrasakake lara kaya wong wadon kang lagi nglarani?
sarta wong-wong bakal padha kaget. Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau, padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani. Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan, raine padha kaya wong kang lara kadhemen.
Mulane lambungku lara banget, aku lara mules kaya mulesing wong wadon kang manak; aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh, aku kaget, ora ndeleng maneh.
Kadosdene tiyang estri ingkang ngandheg ingkang sampun dumugi ing elekipun, lajeng ngolang-ngaling sakit, ngadhuh-adhuh margi nyakiti, inggih makaten punika kawontenan kawula sadaya ing suwaunipun wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah:
He sira kang manggon ana ing gunung Libanon, lan nusuh ana ing wit-wit eres! Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara, nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.
He abdiningSun Yakub, sira aja wedi, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, he Israel, sira aja miris! Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh, lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan. Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram, ora ana kang ngeget-egeti.
Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani, swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean, swaraning putri ing Sion kang krenggosan, kang ngegarake tangane: “Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”
Kutha-kutha padha dibedhah, beteng-beteng pananggulangan digempur, atine para prawiraning Moab ing kala semana kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.
Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?
Wong kang jinebadan dening Pangeran Yehuwah, napasing uripku kabeh kacemplung ing luwenganing wong-wong mau, wong kang dakkira: “Ana ing pangaubane aku bakal padha urip ana ing tengahe para bangsa.”
Lah saiki padha ngucap: “Kita padha ora duwe ratu, marga kita padha ora ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mangka ratu iku bisa nindakake apa ta tumrap kita?”
Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.
Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.
Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah, iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe; wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem, marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;
Mungguh wong wadon samasa lagi nglarani, iku ngrasakake susah, nanging samasa wus nglairake bayine, wus ora kelingan maneh marang larane, marga saka bungahe dene ana manungsa kalairake ing donya.