MIKHA 4:8 - Kitab Sutji8 Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem. Faic an caibideil |
Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi, nuli ditanduri wit anggur pilihan; banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau. Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur; sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik, nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.
Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,
Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.
Gusti Yesus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon: “Ana wong gawe pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhudhuk jugangan papan pameresan sarta ngadegake panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakake marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca.