Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:7 - Kitab Sutji

7 Kang pincang bakal Sundadekake lajering turun lan kang katundhung dadi bangsa kang santosa, apadene Pangeran Yehuwah bakal jumeneng dadi ratune ana ing gunung Sion, wiwit samengko nganti ing salawas-lawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:7
32 Iomraidhean Croise  

“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


banjur ana dhampar kang bakal kaadegake marga saka sih-kadarman lan iku bakal tansah dilenggahi ana ing tarube Sang Prabu Dawud dening sawijining hakim kang njejegake kaadilan, lan kang enggal-enggal nindakake kabeneran.”


Rembulan purnama bakal rumangsa isin, lan srengenge kang panase ngedab-edabi bakal nandhang wirang, amarga Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngasta paprentahan ana ing gunung Sion lan ing Yerusalem, sarta bakal ngatingalake kamulyane ana ing ngarepe para pinituwane umate.


Lan manawa ing kono isih ana kekarene saprasapuluh, iku kudu tinempuh ing bilai sapisan engkas nanging kaanane bakal kaya wit waringin lan wit elon kang tunggake isih sawuse kategor. Lan tunggak iku bakal metokake trubus kang suci!”


Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.


Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku, sapa kang wus tau sumurup kang mangkono iku? Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina, tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan? Nanging lagi bae nglarani, Sion wus nglairake anak-anake.


mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Nanging bareng wektu kang katemtokake wus kliwat, ingsun, Nebukadnezar tumenga marang ing langit sarta akal-budiningsun bali maneh marang ingsun. Ingsun banjur memuji marang Kang Mahaluhur lang ngluhurake sarta mulyakake Kang Gesang Langgeng, marga pangwaose iku pangwaos kang langgeng tuwin karajane iku turun-tumurun.


tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Lan sing sapa nyebut asmane Pangeran Yehuwah, iku bakal kapitulungan rahayu, marga ing gunung Sion lan ing Yerusalem bakal ana pangentasan, kaya kang wus di pangandikakake dening Pangeran Yehuwah; sarta saben wong kang katimbalan dening Sang Yehuwah iku bakal dadi panunggalane kang kaentas.”


“Sira banjur bakal padha sumurup yen Ingsun, Yehuwah, iku Allahira, kang akedhaton ana ing Sion, gunungingSun kang Suci, lan Yerusalem bakal dadi suci, sarta ora diliwati maneh dening bangsa liya.


Sarta bakal ana juru pangentas kang padha munggah ing gunung Sion, prelu ngukum pagunungane Esap; Pangeran Yehuwah kang banjur bakal kagungan karajan iku.


He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh, lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel; Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang, kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan, temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong.


Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!


Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah, iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe; wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem, marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


yaiku kekarene Israel iku. Iku bakal ora padha tumindak ambek siya lan ora ngucapake goroh, sarta ing cangkeme ora tinemu ilat kang cidra; awit bakal padha kaya wedhus gembel kang nyenggut lan mlegung, sarta ora ana kang gawe kagete.”


Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Sarta Panjenengane bakal jumeneng dadi Ratuning para turune Yakub nganti salawas-lawase, tuwin kratone iku bakal ora ana wekasane.”


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan