Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:5 - Kitab Sutji

5 Sanadyan sakehe bangsa iku siji-sijine padha lumaku klawan nganggep allahe dhewe-dhewe, nanging kita bakal lumebu klawan nganggep asmane Pangeran Yehuwah Allah kita, nganti salawas-lawase lan ing sateruse.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:5
19 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Nanging saben bangsa iku wus gawe allahe dhewe, kang kapapanake ana ing omah-omah pepundhen ana ing tengger-tengger pangurbanan kang digawe dening para wong Samaria; saben bangsa tumindak mangkono ana ing kutha kang dienggoni:


Nganti saprene wong-wong mau padha nindakake adat-tatacarane kang biyen. Wong-wong iku ora padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah lan ora nglakoni kang laras karo pranatan, angger-angger, undhang-undhang lan dhawuh-dhawuh peparinging Sang Yehuwah marang para turune Rama Yakub, kang wus kaparingan asma Israel.


Kawula sami badhe surak-surak margi saking kaunggulan dalem, sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula, Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.


tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.


Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah, saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.


He golongan tedhake Rama Yakub ayo kita padha lumaku ing pepadhange Sang Yehuwah!


Dhuh Yehuwah, Allah kawula sadaya, bendara-bendara sanesipun nate ngwaosi kawula sadaya, nanging namung asma Paduka kemawon ingkang sami kawula suwuraken.


Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antos titimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan; kareman kawula sadaya punika nyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka.


Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun.


Wong-wong iku bakal Sundadekake rosa, lan bakal padha rumangsa mbedhedheg ana ing asmane Sang Yehuwah.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Ing jaman ingkang sampun kapengker sadaya bangsa anggenipun sami lumampah ing marginipun piyambak, dipun kendelaken kemawon dening Gusti Allah,


mulane kowe padha ngestokna marang pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta nglakonana pepakene lan katetepane kang dakluntakake marang kowe ing dina iki.”


Kowe wus padha nampani Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, mulane uripmu tetepa ana ing Panjenengane,


Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan